Menyang kontèn

Tupolev Tu-204

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.

Tupolev Tu-204 punika montor miber kalih mesin jarak tengah Ruslan ingkang saged mbekta 212 panumpang. Pesawat punika sami ambanè kaliyan Boeing 757, Airbus A320/A321, lan Boeing 737-800/900. Pesawat punika dipunproduksi kanggé Aeroflot dados pesawat pèngganti Tupolev Tu-154 trijet. Varian ènggak pesawat punika, inggih punika Tu-204SM, terbang perdana ing wulan Dhésèmber 2010.

Desain lan Produksi

Pesawat punika dipundamel kaliyan pinten-pinten varian, inggih punika penumpang, kargo, kombinasi, lan konvertibel (saged rikat kaèwah dados kargo utawi sadèrèngipun). Pesawat punika dipuntènagai 2 mesin Aviadvigatel PS-90 utawi Rolls-Royce RB211. Pesawat punika dipunproduksi ing 2 pabrik, inggih punika Aviastar SP ing Ulianovsk (Tu-204 sadaya varian), lan Kazan Aircraft Production Association ing Kazan (Tu-214) Layout kabin pesawat punika kapèrang saking 1 kelas (ékonomi), muat 210 penumpang, sarta 2-3 kelas penumpang, saged muat 193-164 penumpang. Pesawat punika dipunsertifikasi perdana taun 1994. Pesawat punika merupakan lompatan ageng kanggé donya penerbangan Ruslan, kaliyan tèknologi canggih, pramila memungkinkan berkompetisi kaliyan pesawat barat, kados ta tèknologi fly-by-wire, glass cockpit, winglet (tepi sayap), lan pemenuhan standar kebisingan internasional.

Varian

Tu-204-100/200

Varian wiwit produksi. Ngginaaken avionik lan mesin Ruslan (Aviadvigatel PS-90). Seri 200 gadhah tanki bahan bakar ingkang langkung ageng kanggé jarak tempuh langkung tebih. Sapunika, seri 200 punika namung dipunproduksi ing Kazan dados Tu-214. Pesawat Tu-204-100 gadhah maximum take-off weight (MTOW) ingkang jumlahipun 107.5 ton.

Tu-204-120/220/120C/220C

Varian punika ngginakaken avionik lan mesin Barat (Rolls-Royce RB211). Saged muat 196 penumpang ing konfigurasi 2 kelas.

Tu-204-300

Varian jarak tebih, Badan dipendekkan 6 mèter saking badan pesawat Tu-204 standar. Kasipake ing varian LR (Longer Range) utawi SR (Short Range).

Tu-214

VArian Tu-204-200 ingkang dipunproduksi ing Kazan, Ruslan.

Tu-206

Pesawat eksperimental Tupolev ingkang ngginakaken bahan bakar gas (tahap perancangan).

Operator

Maskapé Tipe Berdinas Pesanan Disimpan
Mesir Cairo Aviation 3 x 204-120
2 x 204-120C
2 0 3
Ruslan Dalavia 214 0 0 3
Ruslan Airstars 214 1 0 1
Ruslan Orenair 204-100 1 0 0
Tiongkok Air China Cargo 204-120CE 0 4 1
Tiongkok China Cargo Airlines 204-120CE 0 2 0
Ruslan Aviastar-TU Co. Ltd 204 4 0 4
Ruslan KMV 204-100 2 0 0
Ruslan KrasAir 214 0 0 1
Nagara Palèstina Otoritas Nasional Palestina (pamaréntah) 204-100 0 1[1] 0
Ruslan Rossiya (commercial) 204 0 0 2
Ruslan Rossiya (government)[2] 214
2 x 204–300 (order)
6 6 0
Ruslan Vladivostok Avia 204–300 6 0 0
Kuba Cubana 2 x 204-100CE
2 x 204-100E
4 0 0
Cithakan:Country data North Koréa Air Koryo x1 204–300
x1 204-100[3][4]
2 2 0
Ruslan Transaero 214 3 7 0
Iran Iran Air and Iran Air Tours[5] 204SM 0 5(+25) 0
Ruslan Red Wings 204-100 8 1 0
Ruslan Atlant-Soyuz 204SM 0 15[6] 0
Ékuador Icaro Air 204SM 0 2(+1)[7] 0
Ruslan Business Aero 204–300 1[8] 0 0
Total 40 51 15

Album

Pranala njaba

Cathetan suku

  1. "Туполев Ту-204-100(В/Е) RA-64013 а/к Авиастар – УАПК – карточка борта". Russianplanes.net. Dibukak ing 2010-11-13.
  2. ""Авиастар-СП" планирует до 2014 г. поставить администрации президента РА 6 самолетов Ту-204-300 // АвиаПорт.Дайджест". Aviaport.ru. Dibukak ing 2010-11-13.
  3. "Ильюшин Финанс Ко // Eng // Our Air Fleet // Narrowbody passenger aircraft". Ifc-leasing.com. 2010-09-23. Diarsip saka sing asli ing 2010-11-26. Dibukak ing 2010-11-13.
  4. "Новые Ил-96 и Ту-204 с двигателями ПС-90А переданы заказчикам". Aex.ru. 23 March 2010. Dibukak ing 2010-11-13.
  5. "Russia's Ilyushin Finance to supply Tu-204 planes to Iran". RIA Novosti. 2007-11-16. Diarsip saka sing asli ing 2012-10-13. Dibukak ing 2009-08-30.
  6. "Ильюшин Финанс Ко // Eng // News". Ifc-leasing.com. Diarsip saka sing asli ing 2011-07-13. Dibukak ing 2010-11-13.
  7. "Russian airliners get sales lift at MAKS". Flightglobal.com. 2009-08-28. Dibukak ing 2010-11-13.
  8. "Business Aero". Diarsip saka sing asli ing 2011-07-24. Dibukak ing 2013-01-02.