Menyang kontèn

I Babad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.

Kitab I Babad iku péranganing kitab Prajanjian Lawas utawa Tanakh. Ing basa Ibrani; kitab iki diarani: divre hayyamim, “sajarah padinan-dinan”. Ing septuaginta basa Yunani, kitab iki diarani paraleipomena, kang tegesé “apa-apa kang ditambahaké” (suplemen).

Kitab I Babad lan II Babad sapérangan gedhé isiné kadadéan-kadadéan kang wus cinaritaaké ing kitab Samuel lan kitab Para Raja. Anging ing jero kitab Babad, kadadéan-kadadéan iku olèhé carita saka sudhut pandhang kang séjé. Sajarah karaton Israèl ing sajeroning kitab Babad ditulis amarga alesané ana loro:

  1. Kanggo nuduhaké yèn sanadyan karaton Israèl lan Yudea katiban ing bancana, anging Allah isih tetep ngasta janji-Ne marang bangsa iku lan nindakaké rancana-rancana-Ne kanggo umat-E ngliwati wong-wong kang padha manggon ing Yudea. Sang panulis yakin bab prakara iku amarga dhèwèké eling prakara-prakara gedhé kang wis diraih Dawud lan Salomo, sarta panganyaran-panganyaran kang wis diusahaaké déning Yosafat, Hizkia lan Yosia. Banjur uga isih ana wong-wong kang tetep setya marang Allah.
  2. Kanggo nyritakaké asal-mulaning upacara ngibadat ing Baitallah Yerusalem. Utamaning susunan kalungguhan imam lan wong-wong Levi kang nduwé tugas mimpin upacara-upacara ngibadat iku. Sanadyan Baitallah ing Yerusalem iku yasané Salomo, nanging ing kitab iki ditulis yèn Dawud sajatiné kang yasa Baitallah karo upacara-upacara ngibadaté.